Senin, 13 Januari 2020

GEGURITAN

GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa), uga ana kang biasa-biasa wae. 
A. Maca lan naggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:
  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening penggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara kasebut wis kolakoni, mesthibisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa sarujuk, bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sifate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ing ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
lha apa bedane mungsa karo hewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
                Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
รผ  Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
รผ  Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
รผ  Bisa nggunakake lelewa basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggalane).
รผ  Isine bisa pitutur, piwelang, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII/SMA/SMK/MA

17 komentar:

  1. Hmm bagus sih blog nya, kalau bisa sediakan juga translate nya. Jadi kawan2 yang gak paham bahasa Jawa tau arti setiap kata demi kata yang anda buat.

    BalasHapus
  2. Semoga bisa jadi inspirasi buat saya :))

    BalasHapus
  3. Jadi inspirasi buat saya untuk melestarikan bahasa jawa.

    BalasHapus
  4. Jadi inspirasi buat saya untuk melestarikan bahasa jawa.

    BalasHapus
  5. Di tambahkan gambar biar tambah bagusss

    BalasHapus
  6. Blognya bagus, alangkah lebih bagus lagi jika ada translatenya. Agar kawan2 yang tidak mengerti bahasa jawa, bisa tau arti dari setiap kata yang anda tulis,

    BalasHapus
  7. Blognya bagus, terima kasih ya ilmunya. Cuma satu, aku kurang ngerti bahasa Jawa, jika bisa tolong ditambahkan translatenya. Terima kasih atas ilmu yang dibagikan

    BalasHapus
  8. Kontennya informatif, saran aja template blognya bs dipercantik lagi biar lbh menarik, semangat! ๐Ÿ˜Š๐Ÿ‘

    BalasHapus

Panganan Tradhisional Jawa

          Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa daerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhan...