A. Maca lan nanggapi teks
Gatekna pethilan teks ngisor iki!
Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
Apem iki digawe saka tepung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan –bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.
Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks
Babagan kang kudu digatekake yaiku:
- Apem awujud alus uga empuk
- Apem minangka simbul tolak bala, mohon pengampunan
- Apem digawe saka tepung beras lan tape budhin
- Apem rasane legi lan kecut
Jadah
Saka jeneng jadah mantrn bisa ngemu tegrs jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amerga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tandah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak sinten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak sinten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur 7 sasi. Gegayutan karo angka 7 kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna 7 yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi Keh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit waka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.
Isine teks ing nduwur, yaiku:
- Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten
- Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
- Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing acara tedhak sinten
- Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu
- Jadah werna 7 ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa kangkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.
1. Gegara nyinau basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
2.https://visitmagelang.id/jadah-ketan-kuliner-khas-muntilan-yang-tak-lekang-oleh-jaman.html
3.https://brainofayn.blogspot.com/2016/04/contoh-deskripsi-panganan-tradisional_56.html?m=1
4.https://m.fimela.com/lifestyle-relationship/read/3869111/seperti-ini-sejarah-kue-apem-yang-menjadi-kue-tradisional-jawa
Lengkap sangat cilik
BalasHapus