Selasa, 14 Januari 2020

Budaya Wewaler

   
Wewaler

  Wewaler padha karo guguh tuhon. Guguh tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Guguh tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayang ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Guguh tuhon diarani larangan/pepali.

       Guguh Tuhon
  1. Guguh tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. 
          Sing kalebu bocah sukreta:

  • Guguh tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembun boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
  • Guguh tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora  melu nindakake
      Pituduh
              
           Munggahe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi 6 prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

  1. Pituduh magepokan karo Gusti
  2. Pituduh kang magepokan karo rohani
  3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
  4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
  5. Pituduh kang magepokan karo kulawarga
  6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan
      Wewaler
            
            Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi 6 pepanthan, kaya ing ngisor iki.

  1. Wewaler kang magepokan karo Gusti
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
  5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

1 komentar:

Panganan Tradhisional Jawa

          Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa daerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhan...