GEGURITAN
Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa), uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan naggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:
- Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
- Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
- Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
- Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening penggurite.
- Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara kasebut wis kolakoni, mesthibisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa sarujuk, bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sifate kosok balen (berlawanan).
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane
prosa karo puisi
bedane ana ing
ati
apa bedane ati
karo gori
bedane mung
prakara bumbune
bedane apa
bumbune karo sing dibumboni
bedane rak
mung ana ing wadhah
apa bedane
wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung
akal pokal gaweane manungsa
lha apa bedane
mungsa karo hewan
ah iku urusane
Pangeran
(Mbangun
Tuwuh, angka 138)
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening
panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa
bungah, sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati
marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan
kang gegayutan karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo
konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya
kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan,
perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
รผ Ora
kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, wilangan, guru lagu, lan
sapanunggale.
รผ Ngutamakake
isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
รผ Bisa
nggunakake lelewa basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan
sapanunggalane).
รผ Isine
bisa pitutur, piwelang, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut, lan
sapanunggalane.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII/SMA/SMK/MA
Hmm bagus sih blog nya, kalau bisa sediakan juga translate nya. Jadi kawan2 yang gak paham bahasa Jawa tau arti setiap kata demi kata yang anda buat.
BalasHapusSemoga bisa jadi inspirasi buat saya :))
BalasHapusMayan, .
BalasHapusJadi inspirasi buat saya untuk melestarikan bahasa jawa.
BalasHapusJadi inspirasi buat saya untuk melestarikan bahasa jawa.
BalasHapusDi tambahkan gambar biar tambah bagusss
BalasHapusKerenn
BalasHapus๐
BalasHapusBlognya bagus, alangkah lebih bagus lagi jika ada translatenya. Agar kawan2 yang tidak mengerti bahasa jawa, bisa tau arti dari setiap kata yang anda tulis,
BalasHapusBlognya bagus, terima kasih ya ilmunya. Cuma satu, aku kurang ngerti bahasa Jawa, jika bisa tolong ditambahkan translatenya. Terima kasih atas ilmu yang dibagikan
BalasHapusKeren
BalasHapusKeren ๐
BalasHapusBagus dan menginspirasi
BalasHapusBagi ilmu yg bermanfaat��
BalasHapusKontennya informatif, saran aja template blognya bs dipercantik lagi biar lbh menarik, semangat! ๐๐
BalasHapusBagus sekali
BalasHapusNcen ngentenn๐๐
BalasHapus