Selasa, 14 Januari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

          Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa daerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makassar, rendhang ing Padang, bika ambon ing Medan, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggapi teks
     Gatekna pethilan teks ngisor iki!
Apem


             Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute  sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem  uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
            Apem iki digawe saka tepung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali  gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan –bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.
         Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.

B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks
     Babagan kang kudu digatekake yaiku:

  • Apem awujud alus uga empuk
  • Apem minangka simbul tolak bala, mohon pengampunan
  • Apem digawe saka tepung beras lan tape budhin
  • Apem rasane legi lan kecut
C. Mbedhah Isine Teks
Jadah
      
            Saka jeneng jadah mantrn bisa ngemu tegrs jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amerga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tandah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
         Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak sinten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak sinten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur 7 sasi. Gegayutan karo angka 7 kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna 7 yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi Keh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit waka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.

Isine teks ing nduwur, yaiku:
  1. Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten
  2. Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
  3. Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing acara tedhak sinten
  4. Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu
  5. Jadah werna 7 ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa kangkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.

Sumber:
1. Gegara nyinau basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
2.https://visitmagelang.id/jadah-ketan-kuliner-khas-muntilan-yang-tak-lekang-oleh-jaman.html
3.https://brainofayn.blogspot.com/2016/04/contoh-deskripsi-panganan-tradisional_56.html?m=1
4.https://m.fimela.com/lifestyle-relationship/read/3869111/seperti-ini-sejarah-kue-apem-yang-menjadi-kue-tradisional-jawa


Budaya Wewaler

   
Wewaler

  Wewaler padha karo guguh tuhon. Guguh tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Guguh tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayang ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Guguh tuhon diarani larangan/pepali.

       Guguh Tuhon
  1. Guguh tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. 
          Sing kalebu bocah sukreta:

  • Guguh tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembun boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
  • Guguh tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora  melu nindakake
      Pituduh
              
           Munggahe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi 6 prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

  1. Pituduh magepokan karo Gusti
  2. Pituduh kang magepokan karo rohani
  3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
  4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
  5. Pituduh kang magepokan karo kulawarga
  6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan
      Wewaler
            
            Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi 6 pepanthan, kaya ing ngisor iki.

  1. Wewaler kang magepokan karo Gusti
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
  5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

         Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.
A. Maca lan nanggapi teks wayang
Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!

Dewaruci


Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona kaeleng marang Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena kang duweni kekuatan ingkang kuat lan gagah perkasa. Ing wektu semono sengkuni mangertos yen Brantasena janjian ketemu marang Resi Drona. Ing dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudhara utawi Brantasena, yen dewekke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." ing kawah Candradimuka.
Brantasena tanpa risa - risi terus mangkat nyuwun pangestu dining Resi Drona. Ing dhalem wektu semono uga Sengkuni wonten ing mriku, lan mangertos pembicaraan Resi Drona marang Brantasena. Sak banjuring Brantasena Budhal, Sengkuni medhal lan tangklet marang Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli marang sengkuni yen dewekke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." lan Drona uga jrumusake Brantasena.
Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supayaning mata - matai Brantasena. Ing dhalem wektu semono uga Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sak Banjure wonten buto kaleh kang ngalani Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto mau kalah. Banjur buto maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena tangklet marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,
"Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?"
Bathara mangsuli,
"Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas lan donga marang gusthi kang maha kuasa."
Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan ombo. Banjur Brantasena tangklet meleh,
"Apa Kayu Gong Susuhing Angin?"
Bathara Indra mangsuli,"yen tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran."
Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,lan arep tangklet meleh marang Resi Drona(gurune).
Ing padepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli,
" isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA(tirta kesucian) kang ono ing jero samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi. Ananging Dewi Kunthi ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat, Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga Para Pandhawa ngrestoni Branthasena.
Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, Supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem perjalanan.
Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra kang mboten enten pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena saged ngalahke naga mau.
Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan nefsu kang kumanthil ing diri Brantasena,kalean tetengara Brantasena saged ngalahke naga kang ngadang kalani paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane pertanyaan.
"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"
Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing Dewa Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, anyem lan tentrem. Banjur Dewa Ruci ngendhikan,
"teges e, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."
Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.

B. Nemokake tuntunan ing teks wayang
Amanat kang bisa kapetik ing dhalem crita Dewa Ruci inggih:
1. Aja gampang putus asa.
2. Patuh marang Guru.
3. Ing dhalem urip kudhu anduweni cita-cita utawi kekarepan ingkang gedhe.

C. Nulia Sinopsis Wayang
Urutan nulis sinopsis:
1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis
2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan kang wigati/penting
3. Nulis ringkasan adhedhasar gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline
4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae
5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.

Sumber:
1. Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
2. https://uchniye20.blogspot.com/2015/08/dewaruci-basa-jawa-dan-unsur-intrinsik.html?m=1
3. http://albumkisahwayang.blogspot.com/2016/12/dewa-ruci.html?m=1

Senin, 13 Januari 2020

Nguri-uri Kabudayan Jawa

        Aksara Jawa uga dikenal mawa jeneng aksara Hanacaraka. Jeneng "Hanacaraka" dijupuk saka urutan limang aksara wiwitane. Urutan dhasar aksara Jawa nglegena (utawa uda) iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara Jawa nglegena karo pasangane yaiku kaya mangkene:
        Kanggo ngunekake aksara nglegena kui mau, aksara jawa uga dilengkapi sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, lan sandhangan wyanjana. Penjabarane kaya ing ngisor iki:
        Saliyane aksara nglegena, pasangan, lan sandhangan ing nduwur, aksara Jawa uga nduweni Aksara Murda kanggo nulis huruf kapital (kayata ing nulis Sultan Hamengku Buwana), Aksara Swara kanggo nulis huruf vokal (a, i, u, e, o), Aksara Rekan kangho nulis huruf manca kan dicethakake (luwih-luwih tembung arab kayata dzikir, fitri), lan Aksara Wilangan kanggo nulis angka ing Aksara Jawa
Aksara Rekan lan pasangane:
Aksara Wilangan:

     Terakhir, kanggo nglengkapi wacan ing aksara Jawa kudu ana tandha wacanr. Tandha wacan ing aksara Latin. Ing aksara Jawa ora ana tandha hubung (-), ora ana tandha pitakon (?) lan ora ana tandha prentah (!).

Sumber: Gegara Nyinau Basa Jawa Kelas XII/SMA/SMK/MA
                https://faroidcs.wordpress.com/2012/04/02/aksara-rekan-angka-murda-swara/
                https://moondoggiesmusic.com/aksara-jawa/
                https://thegorbalsla.com/aksara-jawa/
                http://astimuaj.blogspot.com/2016/09/aksara-jawa-lengkap_4.html?m=1
                


GEGURITAN

GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa), uga ana kang biasa-biasa wae. 

Panganan Tradhisional Jawa

          Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa daerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhan...